Saturday 31 December 2011

Kumpulan Cerkak Lan geguritan By Heri Purnomo anak sragen UNNES

Heri Purnomo
Kumpulan Cerkak lan Gurit
Pedhut
Sumilak

PEDHUT SUMILAK
Kumpulan cerkak lan gurit
Heri Purnomo
Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa
Universitas Negeri Semarang
I
ii
Bebuka
Syukur alhamdulillahirrobil'alamin konjuk katur
dhumatheng Kanjeng Gusti Allah Pangeran, ingkang
sampun paring nikmat lan hidayah dhumateng kula.
Alhamdulillah ugi panyerat saged angrampungi buku
punika minangka dados salah sawijining sarana tugas
pakuliyahan mliginipun kagem mata kuliyah Menulis.
Panyerat ngaturaken agunging panuwun dhumateng
Dhosen Pengampu mata kuliyah Menulis, Bapak Sucipto
Hadi Purnomo, S.Pd, M.Pd lan Ibu Prembayun Miji Lestari,
S.S, M.Hum ingkang sampun daya-daya paring panyaruwe
wonten ing panyeratan buku punika. Ugi mboten
kesupen panyerat ngaturaken panuwun dhumateng
sedayanipun ingkang mboten saged dipun sebat
setunggal mbaka setunggal, ingkang sampun kersa
paring pambiyantu murih saged paripurna anggenipun
nyerat buku punika.
Buku punika kula aturaken dhumateng Bapak Ibu
ingkang wonten griya, kagem kadang-kadang sedaya, lan
ugi kagem sedaya para pamaos ingkang kersa maos buku
punika. Menawi kathah kekirangan ing reh panyeratan
wonten buku punika, panyerat nyuwun agunging
samudra pangaksami. Minangka panutup, mugi-mugi
buku punika saged dados panglipur kagem sedaya para
pamaos. Nuwun.
Panyerat
iii
iv
DAFTAR ISI
Bebuka ..... iii
Daftar isi ..... v
Kumpulan Cerkak
Mbarang.....1-7
Gara-gara warisan.....9-14
Tresna Iku Pancen Wua.....15-21
Sakedheping Netra.....23-27
Pedhut Sumilak.....29-35
Semarang-Wonogir.....36-43
Cidra.....44-52
Crita Kanggo Sintai.....54-60
Kumpulan Gurit
Lungaa.....63
Swara Ati.....64
Omah.....65
Buku.....66
Jongkat.....67
v

1
Mbarang
“Ayo ndang padha mangkat latihan, awake dhewe
mung duwe wektu kanggo latihan rong dina thok”.
Pangoyak-oyakku marang kabeh kanca sing gaweyane
seneng nelat yen pas latihan nggamel. Ya ngene iki yen
arep ngatur wong-wong sing jarene diarani seniman iki.
Dhasare wong seni, nduweni pakulinan sing bebas, ora
gelem diatur dening liyan. Mula saka kuwi yen ngepasi
jadwale latihan mesthi padha nelat.
“Awake dhewe iki arep PY gedhe barang kog, latihan
padha sak kepenake dhewe ki piye?” aku miwiti gunem
menyang para kanca sing wis padha teka. Ya, yen arep
tanggapan aku sakanca sarujuk yen gawe istilah PY, sing
artine payu.
“Sing baku angger yen latihan tenanan ya wis thik,
ndadak nggawa bingung barang ta Ndra”. Celathune
Agung sing kawit mau wis ana ing sanggar latihan.
“Bener kandhane Agung, awake dhewe iki ora perlu
dhisiplin kaya Pak Polisi sing lagi nyegati wong liwat ana
ing dalan sing padha nglanggar lampu kae”. Dunung uga
melu nimpali.
“Ya ora ngono ta, saora-orane ki awake dhewe rak ya
usaha nyuguhne sing maksimal kanggo para penonton
mbesuk”. Ujug-ujug Sigit melu ngetokake gunem sing
biasane ya mung idhem wae yen kancane lagi padha usul.
1
PEDHUT SUMILAK
“Nah, bener kuwi Git. Saka kabar sing tak tampa,
awake dhewe iki sesuk ameh nabuh ing gedhong sing
tamune para VIP”. Aku genti mbales. Ya sejatine mono
ora mung lagi sepisan iki anggone grup karawitanku
ditanggap ana ing gedhong. Wingi-wingi malah kober
ditanggap ing gedhong sing manggone ing kutha
Ngayogyakarta sing jarene gudhange para seniman
karawitan.
Ucul saka masalah mau, aku sejatine mono nduweni
rasa cuwa marang rasa katresnan. Mula yen ngepasi
tanggapane wong nikahan, aku banjur eling marang
pengalamanku. Sasuwene rong taun iki aku pedhot karo
Tantri sing kawitane marga wong tuwane ora setuju
menawa anake arep dirabi priya kaya aku iki. Aku wis ora
tau kekancan kanthi cedhak marang sakabehing wanita.
Atiku kebacut ngempel, ibarat tatune ora bisa diilangi
nganggo obat apa wae. Ya wajar, nom-noman kaya aku
iki sing ora duwe pagaweyan sing cetha ngene iki, bakal
katampik dening calon mara tuwa. Wanita ngendi sing
gelem dirabi dening priya sing ora jelas masa depane
kaya aku iki.
“Mas Mahendra, sesuk yen mangkat aku nggonceng
kowe ya?” suara manis sing gawe kepenak kupinge sapa
wae sing ngrungokake. Ya, penyanyi sing siji iki pancen
alus tenan suarane yen pas lagi nembang. Apa maneh
yen pas lagi bawa langgam Kutut Manggung, wis jan
gawe kepincute kabeh sing padha ngrungokake.
Jenenge Yayuk.
“Ya, lha nanging apa ora arep diterke Andri? Mengko
2
PEDHUT SUMILAK
yen wonge sujana karo aku kepriye?” sauranku sinambi
genti takon.
“Ora, wong ya aku karo Andri wis ora ana apa-apa kok.”
Dina kuwi minangka dina terakhir kanggo gladhen sing
arep dipentasake sesuk ing gedhong.
“Jane ki sesuk mantene sapa ta Nung? Kog kayane kaya
wong gedhe wae? Mapane ana ing gedhong, kathik
tamune jare VIP barang.” pitakonanku marang Dunung
sing wis ndangkrong ana ing njero ruangan sanggar wiwit
kapan mbuh. Sing jelas nalika aku teka ing sanggar, wis
ana Dunung lan liyane sing wis padha jagongan ing papan
latihan. Apa ya marga wingi kae sing padha tak sindiri kae?
Mbuh, ora urus. Sing penting saiki yen latihan ora padha
telat maneh.
“Sesuk arep padha nganggo sragam werna apa Ndra?”
Dunung takon sabubare gladhen wis rampung.
“Lha penake kepriye? Aku manut wae. Angger pantes
lan menakake yen disawang”. Sauranku gampang
“Nganggo werna biru wae. Sesuk kan manggone ing
njero gedhong, men katon gagah yen disawang dening
wong sing ing njero gedhong”. Sigit usul.
“Ya wis, ngono ya mathuk. Karo sragame waranggana
ya sisan disrasekake men katon regeng”. Tambahku.
Tanggapan dina iki pancen beda kaya yen lagi
tanggapan biasane. Yen biasane nabuh ing njobo
gedhong mono ora perlu nganggo gladhen kanthi
temenan. Wong ya sak elek-eleke karawitanku iki ya nate
juara lomba karawitan se-Kabupaten Sragen, jaman
lomba antar kecamatan kae. Dina kuwi kabeh wis padha
3
PEDHUT SUMILAK
siap, samubarange pancen wis disiapake kanthi becik
supaya ora kapiran yen mengko pas tampil.
Kaya sing tak janjekake wingi kae karo Yayuk,
penyanyi sing di enggo rebutane para niyaga sak
rombongan, aku enggal-enggal nyandhak pit montorku.
Kunci tak ceklekkake banjur tak stater. Ora nganggo
suwe aku wis teka ing omahe Yayuk. Yayuk uga wis siap,
mung kari nyengklak thok.
“Tenan iki, ora apa-apa? Mengko yen ana apa-apa aku
ora tanggungan ya”. Pitakonku sinambi ngelungake
helm cakil sing wis tak siyapake saka ngomah mau.
“Wis ta mas, tenang wae. Ora bakal ana apa-apa”.
Sauraene karo mloncat arep nyengklak sing sajake katon
angel amarga dhuwure pit montorku.
“Ihirrr…., makan-makan iki. Ana sing jadian. Hehehe”.
Pambengoke Dunung nalika aku tekan papan
panggonan nabuh, yaiku ing gedhong Kartini sing
mapane ora adoh karo gedhong DPRD Sragen. Kepara
malah bisa diarani jejer, mergane mung keletan sawah
sak galengan.
“Heh, aku ora ana apa-apa ya karo Yayuk. Yen ora
percaya, coba takono dhewe marang dheweke”.
Pangakonku sinambi rasa jengkel. Kok bisa-bisane aku
didakwa Jadian karo Yayuk ki lho. Upamaa iya, apa ya
Yayuk kuwi gelem karo aku? Apa ya olehku nabuh
kendhang iki bisa nguripi dheweke ing mbesuke yen sida
bebojoan? Embuhlah, ora perlu dipikir nemen-nemen.
Sing penting saiki aku urip seneng, bisa nglalekake
prastawa rong taun kapengker. Cerita sesambunganku
4
PEDHUT SUMILAK
karo Tantri, anake Kepala Sekolah SD ing kampungku.
Pandom arlojiku tak sawang wis tabuh sanga punjul
seprapat. Acara ing gedhong iku kawiwitan. Sing dadi MC
wis paring sasmita marang sedaya para rawuh supaya
enggal-enggal mlebu gedhung awit acara wis arep
diwiwiti. Dene aku sakanca uga wis siyaga ing njero
gedhong. Mapane ana ing pojok ngarep sisih tengen.
Persis ing ngarep dalan mlebune pinanganten sarimbit
saka sasana rinengga tumuju sasana pahargyan. Aku
aweh kode marang kanca-kanca kanggo mbuka acara
kanthi mungelake Lancaran Kebogiro laras pelog pathet
barang.
“Siap ya ca?” kodeku marang kanca-kanca. Lancaran
Kebogiro Laras Pelog Pathet Barang wis mungel, ateges
asung sasmita marang pinanganten sarimbit supaya
enggal manjing ing sasana pahargyan. Saka kadohan
lakune pinanganten katon thimik-thimik alon. Sing paling
ana ngarep yaiku Cucuk Lampah utawa kaprah sinebut
Suba Manggala. Ing samburine kuwi ana patah
sakembaran sing isih cilik-cilik. Sabubare kuwi sing sinebut
Raja lan Ratune pahargyan, yaiku pinanganten sarimbit.
Disusul dening tiyang sepuhe lan besan. Banjur barising
dhomas kang pinaragan dening Kenya-kenya cacah enem
sing ora gelem melu keri, lang ing paling mburi ana
keluarga pinanganten sing padha melu ndherekake.
Nyawang lakune penganten kuwi mau, banjur tuwuh
pitakonan ing njero atiku. Kapan ya aku uga nglakoni kaya
mangkono? Ah, tangeh nganggo lamun. Wong calon
utawa pandangan sing arep dijak wae durung ana kok.
PEDHUT SUMILAK
5
Apa ya arep rabi karo wedhus? Utawa karo sapi sing ana
ngomah kae? Sing saben dina amung mbengok kanthi
swara 'maaaahhh…..' kae? Genaha sapi wae ora gelem
kog. Buktine bisa semaur 'maaaahhhh….'.
Lakune rombongan pinanganten kuwi selot cedhak
karo papan anggonku nabuh gamelan. Pinanganten
putri mlaku ana ing sakiwane sing kakung. Ateges
nglewati ing ngarepku pas, jalaran mono racake
penabuh kendhang rak ya mapan ing ngarep dhewe.
Sing penganten kakung wis jelas katon yen disawang
saka blegere ngono kaya wong gedhe. Mbuh pejabat
Negara utawa pengusaha sing sukses. Katon gagahe lan
wibawane. Bareng mripatku nyawang penganten putri,
aku langsung kaget. Sapa ya? Aku kaya ora aeng karo
praupane?
Aku ora nyana ora ngira babar blas. Pranyata sing
dadi penganten putri iku wong sing sasuwene iki gawe
nelangsane uripku, jalaran aku ora bisa ngilangake
klebate saka gawang-gawang pikiranku. Kowe tega
tenan marang aku. kowe tega gawe ajuring atiku sing
sasuwene iki nandhang lara wuyung sing ora ana
tambane ing ngendi-endi. Jebul tambane wis di ombe
dening liyan ya ing dina kuwi ugi. Jebul Tantri sing dadi
penganten putri.
Arepa kepriye maneh dina kuwi aku nduweni
jejibahan minangka wong mbarang sing ngupaya murih
oleh upa kanggo mangan. Mula kapeksa aku kudu nahan
laraning atiku. Aku kudu nyawang wong sing sasuwene
iki dak tresnani diwengku dening priya liya. Nanging,
PEDHUT SUMILAK
6
paling ora isih ana Yayuk sing sapa ngerti bisa nambani
laraku iki. Dhuh Gusti, paringana kekuwatan marang kula
punika. Dhuh Tantri, kowe tega cidra ing janji. Pancen
kowe ora dikodratake urip bebarengan karo aku. Muga
uripmu langgeng lan tentrem karo bojomu sing gagah
gedhe dhuwur iku.
***
PEDHUT SUMILAK
7
8
2
Gara – gara Warisan
“Sejatine aku ora kepenak yen terus – terusan
cecongkrahan marang kang Narto, sing ora liya tunggal
mbarepku dhewe. Nanging aku ya ora salah, sapa wonge
sing ora lara atine yen hak e di kroyok dening wong liya?”
Mangkono celathune Marni sajroning ati. Dheweke isih
durung bisa narima tumindake kakange sing ngrebut hak
e. Banda donya kang ditinggal dening wong tua wis
salumrahe di endum rata marang kabeh tunggal. Nanging
yen iki ora, Narto sing rumangsa mbarep tur anak lanang
dhewe mulane kabeh warisan wong tuane didhaku
duweke dhewe.
Pancen keluargane almarhum mbah Paijo iku bisa
diarani keluarga kang sedhengan. Apa – apane sarwa
kacukupan ora kurang ora luwih. Kabeh kuwi awit saka
setiti lan tekune mbah Paijo anggone sengkut makarya,
mulane bisa nyukupi kebutuhan keluargane, ngingoni
anak bojo. Mbah paijo uga sregep ing sesrawungan karo
tangga teparo. Menawa duwe turahan rejeki uga ora
eman anggoni nyiprati rejeki marang tanggane. Mulane
mbah Paijo didadekna sesepuh ing dhusune.
Putrane mbah Paijo telu. Sing mbarep lanang jenenge
Narto, nomer loro wadon jenenge Marni, lan sing ragil ya
wadon jenenge Narti. Tetelune wis mentas kabeh, uga wis
padha omah-omah kabeh. Mbah Paijo anggone ndhidhik
PEDHUT SUMILAK
9
anak-anake bisa diarani keras. Menawa anak-anake
duweni salah mbah Paijo ora eman anggone menehi
ukuman kang trep. Mbah Paijo uga ora nate nguja
panjaluke anak-anake. Menawa dianggep ora perlu,
mbah Paijo wis mesthi ora nuruti panjalukane anakanake.
“Le, nduk, aja sepisan-pisana kowe tumindak goroh
marang sesama, yen kowe ora kepingin nemahi cilaka!”.
Ukara iku tansah dadi pangeling-eling marang anakanake
sadurunge mbah Paijo tinimbalan dening Gusti
kang akarya jagad. Mbah Paijo iku kalebu wong kang
pinunjul. Kabeh omongane digugu dening akeh wong
ing sakitare. Nanging sing diemani ora dawa umure.
Dheweke murud ing kasedan jati amarga nandang gerah
rada suwe. Ora mung bojo lan putra wayahe sing
rumangsa kelangan, nanging uga para tangga teparo
sing nganggep mbah Paijo iku dadi sesepuhe dhusun.
Sayange maneh, anak-anake malah padha cecongkrahan
rebutan warisan sing kudune padha nandang sungkawa.
“Kang, kudune warisan iki di endum rata marang
kabeh tunggal. Ora malah kok dhaku dhewe!”
mangkono ujare Marni nganyaki rembugan.
“Ora, aku iki anak mbarep lan aku uga anak sing
lanang dhewe. Wis sakmesthine yen warisan iki dadi
duwekku”. Saurane Narto karo rada kasar.
“Uwis ta kangmas, mbakyu. Kabeh iki ora perlu
didadekna barang rebutan. Kudune awake dhewe iki
ngerti empan papan. Bapak nembe mawon kapundhut
dening Gusti kok, malah padudon masalah warisan”.
PEDHUT SUMILAK
10
Narti melu nyloroh pacelathone tunggal-tunggale.
Wis dadi adate wong Jawa jaman mbiyen menawa sing
nduweni hak nampa warisan iku anak pambarep lan anak
lanang. Anak wadon iku amung oleh jatah menawa anak
pambarep gelem andum bagian. Nanging ora jamak
lumrahe yen budaya kuwi isih di anggo ing jaman saiki.
Saiki jamane emansipasi, kabeh nduweni hak kang padha
mulane pratelan mau wis ora trep ing jaman saiki.
“Mbiyen, rikala bapak tasih gesang nate meling
menyang aku menawa mbesuk sing dikon ngrumat
warisane bapak iku aku. Ya pomahan, kebon, lan kabeh
tinggalane bapak iku dipasrahake marang aku dadi ora
salah menawa kabeh iki dadi duwekku”. Saurane Narto
karo rada goroh.
“Aku ora percaya kang, putrane bapak iku iku ora mung
kang Narto thok. Aku lan gendhuk narti iki uga nduweni
hak kanggo nampa warisan iki”. Marni isih urung bisa
narima.
“Kowe mbiyen rak ya wis diparingi Sapi cacah loro
rikala arep omah – omah karo bojomu ta? Genea isih
kurang anggone nampa paringane Bapak. Lan gendhuk
Narti uga wis ditumbaske sepedha motor anyar, apa ya
isih kurang?” Narto nambahi saurane karo rada banter
maneh. Sajake dheweke rumangsa menangan dhewe.
“Uwis ya ngger, aja diterusake padudon iki. Bisa padha
bubrah anggonmu tetunggalan mengko”. Ibune sing ora
liya bojone almarhum Mbah Paijo melu ngendikan kanthi
nangis banter.
“Mboten mbok, kula tetep mboten trima. kula
PEDHUT SUMILAK
11
kepingin kabeh iki di andum rata. Putrane bapak iku telu,
ora mung kang Narto thok sing serakah iki. Kula lan
gendhuk Narti uga anake bapak, wis sakmesthine uga
oleh bagian”.
“Sampun kakang, mbakyu hu . .hu . . hu. Aku bisa
nampa yen ora oleh jatah, nanging aku ora trima
menawa paseduluran iki bubrah”. Sing ragil uga melu
nangis, mangerteni tumindak kakang lan mbakyune sing
padha kaya bocah cilik. Kaya Asu sing padha rebutan
balung.
“Yen kang Narto panggah ora gelem ngandum,
luwung aku medhot paseduluran iki. Ora ana gunane aku
nduweni tunggal sing malak”. Marni nimpali maneh
kanthi rasa anyel, nesu, muntab marang tunggal
mbarepe kuwi. Sakbanjure kuwi dheweke langsung
lunga klepat tanpa gunem.
“Oalah gusti, lelakon kok kados mekaten. Kirang
menapa anggen kula ndhidhik putra-putra menika?
Ngantos nemahi panandang kang awrat menika. Hu . . hu
.. hu”. Garwane almarhum mbah Paijo banjur
njlomprong, nangis ora uwis-uwis mikirake anak-anake
sing padha congkrahan amung gara-gara warisan.
Dina kuwi seminggu pas anggone mbah Paijo
ninggalake anak bojo ing alam donya iki. Nanging Marni
uga urung katon ing omah kuwi. Kamangka bengi kuwi
arep ana slametan mitung dinani sedanipun mbah Paijo.
Narti wis wiwit nggresah lan takon ing sajroning batine
dhewe, “Njur neng ngendi mbakyu Marni iki, nganti
mitung dinani almarhum bapak kog durung katon. Apa
PEDHUT SUMILAK
12
pancen atine isih durung bisa nampa marang tumindake
kang Narto?”
Ing papan liya, Marni isih mangkel marang kakange.
Atine wis kadhung lara pindha sega wis owah dadi bubur.
“Pancen kebangeten tenan kang Narto kae, ora jamak
lumrahe duwe tunggal kok malakke ora jamak. Uthil
methithil, uga kasar marang Ibu lan tunggal”. Ora ngertia
ujug-ujug Marni dikagetake tekane adhine wedok, Narti.
“Oalah mbakyu, ngerti yen bengi iki arep mitung dinani
sedane Bapak kok malah ora ngetok babar blas. Apa
mbakyu isih durung trima marang kang Narto?” Guneme
Narti gewe kaget mbakyune.
“Aku ora bakal nemoni maneh tunggal kang wis
nglarani ati. Dak sidakna umure ora dawa”. Marni semaur
kanthi gregeten.
“Gusti Allah, mbakyu. Eling mbakyu, ora apik
ngendikan kaya mangkono marang tunggale dhewe.
Arepa piye wae kang Narto iku tetep tunggale dhewe.
Mara gage nyuwun pangapura marang Gusti, uga nyuwun
muga-muga kang Narto enggal diparingi sadar dening
Gusti. Banjur saiki ayo enggal menyang omah, ngesakake
ibu dhewekan anggone nyiapake slametan kanggo
mengko bengi”. Narti mangsuli supatane mbakyune mau
kanthi sabar.
Ora wetara suwe bocah loro mau tekan omahe Ibune,
nanging endah kaya ngapa kagete mbareng tekan
panggonan kang dituju. Ing omah kono wis akeh wong
padha ngumpul, ana sing ngurus piranti layon, uga ana
sing usung-usung kursi.
PEDHUT SUMILAK
13
“Gusti allah, ana apa kae nduk ing ngomah? Kok rame
temen wong padha ngumpul?” pitakone Marni marang
adhine.
“Duka mbakyu, aku mangkat mau ora ana apa-apa
kok”. Saurane adhine.
“Pak, wonten menapa menika kok tiyang sami
ngempal ing griyanipun Ibu kula?” pitakone Narti
marang sawijining tiyang kang wira-wiri ing sakitar
omahe ibune.
“Lho, dhik Narti ki kepiye ta? Kok malah durung reti.
Kae kang Narto seda, lagi wae kecelakaan ing dalan
nalika bali tuku piranti kanggo mitung dinani almarhum
mbah Paijo”. “Hehh….!!!, saestu pak?” bocah
loro semaur bareng kanthi kaget. Banjur bocah loro kuwi
mlayu ana njero omah.
“Kang Narto, paringana ngapura kula. Hu .. hu ..hu.
Kula mboten nggadhahi niatan kangge nyupatani
kakang”. Marni bengok seru kanthi ora bisa nahan eluh
tumetes ing pipine.
“Sampun mbakyu, pancen menika sampun dados
garising kang kuwasa”. Adhine ngelingake marang
mbakyune.
Ora ana paedahe menawa cecongkrahan iku
ditindakake. Apa maneh marang tunggal dhewe, lan
amung gara-gara rebutan warisan. Wusana padha
nemoni bilahi ing tembe.
***
PEDHUT SUMILAK
14
3
Tresna Iku Pancen Wuta
Dina iki minangka wiwitane aku dadi calon mahasiswa
sing mbesuke dadi Sarjana Pendhidhikan. Ya, dina kuwi
dadi dina pisanan anggonku ngangsu kawruh ing kampus.
Kebeneran aku bisa ditampa kuliyah ing salah sawijining
Universitas Negeri ing kutha Semarang. Pawiyatan luhur
sing tak impen-impenake nalika aku isih cilik. Embuh
ngapa kok kawit cilik nduweni cita-cita kaya mangkono.
Kamangka sakeluwargaku iki ora ana sing sekolah nganti
tekan kuliyah. Apa meneh kuliyah, sekolah SMP wae ora
tamat.
“Dina iki adhik-adhik wis ketampa ing jurusan basa
Jawa. Ateges sithik akeh saben dinane bakal nggunakake
basa Jawa. Dadi tak jaluk sing mbiyene ora tau ngomong
nganggo basa Jawa, wiwit saiki dilatih”. Pangucape kakak
angkatan sing jarene kapacak dadi ketua panitia makrab.
Wis dadi adate ing jurusan basa Jawa yen nampa para
mahasiswa anyar iku bakal dianakake acara makrab,
malam pengakraban. Ancase kanggo ngraketake
kekadangan ing antarane mahasiswa anyar lan karo
kangmas mbakyune.
Aku wis siap saka kos-kosan, arep budhal menyang
kampus saperlu melu acara makrab sing wis karancang
dening panitia.
“Bismillahirohmanirrohim. Dhuh Gusti, paringana
PEDHUT SUMILAK
15
kelancaran ing acara makrab mangke. Amin ”.
Pandongaku karo nutup lawang lan enggal mlaku
ninggalake kos-kosan. Ing ndalan ndelalah ana kanca
sing ya arep mangkat makrab. Kebeneran iki, ana
kancane. Batinku.
Jenenge Wawan, mahasiswa anyar sing kuliyah sak
jurusan karo aku. Asale saka Boyolali. Kutha sing ora
patia adoh saka asalku. Wong ya isih sak karesidenan
karo Karanganyar, kutha asalku. Sanadyan durung kaya
kutha-kutha gedhe liyane, nanging ya wis patut yen
disebut kutha. Jalaran ya fasilitas lan infrastrukture sing
wis lengkap. Dene pembangunane uga ora kalah
ketinggalan karo kutha-kutha liyane.
“Ayo mangkat bareng Pur!” aruh-aruhe marang
awakku sing lagi kabotan nggendhong tas gawan sing
dibutuhake ing acara mengko.
“Ya, enteni dhisik Wan. Alon-alon wae jangkahe.
Tasku abot banget”. Sauranku sinambi thengkisthengkis
nggawa gawan sing abot.
“Apa wae ta sing wok gawa? Kathik kaya wong sing
arep pindhahan omah wae. He he he”.
“Apa, ya mung gawan sing dikon nggawa dening
mbake ketua panitia sing crewete ngungkuli manuk
bethet kae”. Sauranku karo anyel.
“Ha ha ha, aja ngono Her, kuwalat kowe mengko”.
“Ih, amit-amit jabang bayik. Duwe kakak tingkat
wadon kok galake kaya asu manak wae”.
Sore kuwi aku sakanca wis teka ing papan sing dinggo
kegiatan makrab. Mapane ana ing Candhi Gedhong
PEDHUT SUMILAK
16
Sanga. Wuih, ing atiku senenge ora jamak. Jalaran lagi
sepisan iki aku ngerti Candhi kang Gedhonge jare cacah
sanga kuwi. Nanging ya embuh bener apa ora yen jumlahe
sanga. Lagi wae midhuk saka truk sing tak tumpaki bareng
Wawan, ujug-ujug Mbak Galih, ketua panitia makrab
ngendheg aku.
“Dhik, kowe mau sing jarene ngrasani aku ana ing
mburi nalika pengarahan arep mangkat mau?” pitakoni
kanthi pasuryan kang medeni.
“Mboten mbak, kula mboten ngrasani napa-napa kog.
Menawi mboten percaya mang taken kanca kula niki”.
Sauranku sinambi driji tangan tengenku nduding ing
ngarepe Wawan.
“Awas kowe yen nganti ngapusi aku. Ora usah macemmacem
kowe. Mahasiswa anyar wae wis kemaki. Dupeh
kowe wis ketampa ing jurusan basa Jawa banjur kemaki?”
saurane sing kaya manuk keluwen ora oleh pangan
sedina.
Bengine ana acara sarasehan bareng karo kakak
tingkat sing wis tuwa-tuwa. Embuh semester lima apa
semester pitu. Ora pati jelas. Nanging sing genah ora ana
sing tak kenali siji-sijia, kajaba Mbak Galih, wong wadon
sing mau awan nemoni aku. Nalika aku lagi jagongan karo
Wawan, ujug-ujug jenengku diceluk. “Purwadi!”sanalika
aku kaget. Clingak-clinguk ing sakiwa tengenku. Jebul
kabeh wong sing ana malah wis padha nyawang marang
aku. isinku setengah mati. Disawang wong sak mono
akehe.
“Dalem Mbak, kula”. Sauranku kanthi ndhredheg sak
PEDHUT SUMILAK
17
kujur awakku.
“Maju mrene dhik!” pangakone alus
“Wonten napa mbak?” sauranku genti takon. Aku
banjur kapeksa maju. Kebacut isin yen ora maju. Lawong
kabeh wis padha nyawang awakku kabeh. Aku mlangkah
alon-alon ngiras pantes men sopan. Lewat ngarepe
wong sing luwih tuwa.
“Coba kowe nembang macapat ing ngarep kene. Sak
senengmu kowe arep nembang apa”.
“He? Nembang mbak?” pitakonku kaya wong kaget
weruh gendruwo sing wujude medeni kae. “Mboten
saget mbak”. Sauranku
“Ora urus, pokoke nembang”. Saurane nganggo rada
sinis. Sajake anyel karo aku. Embuh apa merga tak rasani
mau sore kae. Nanging saka ngendi dheweke ngerti yen
tak rasani? Wong ora ana sing krungu kajaba siji-sijine
kanca sing tak kenal. Apa Wawan sing kandha ya? Ah ora
mungkin. Apa ya tega Wawan ngomong ngenani iki mau?
Sing jelas bengi kuwi aku kudu nembang macapat.
Sak bisa-bisaku tak tekad. Elek-eleka ngene mbiyen ya
tau dadi juara harapan nembang macapat se-Kabupaten,
nalika isih sekolah SMP mbiyen. Wiwit bengi kuwi rasa
anyel lan gethingku marang Mbak Galih saya gedhe.
Mbuh apa jalarane. Sing genah aku kudu kepingin lunga
yen ketemu.
Ora krasa wis oleh telung minggu olehku kuliyah ana
ing kampus Unnes kuwi. Kampus sing jarene
ndheklarasekne minangka kampus konservasi.
PEDHUT SUMILAK
18
Sasuwene kuwi aku tansah kucing-kucingan karo kakak
tingkat sing jenenge Mbak Galih kuwi. Yen arep ketemu
ngono mesthi aku ndhelik. Embuh ngapa kok ya ngepasi
papagan terus.
“Dhik, jane kowe kuwi ngapa ta? Apa kowe dhendham
karo aku masalah ndek makrab mbiyen kae?” Mbak Galih
ujug-ujug nyegat anggonku mlaku.
“Mboten napa-napa kog mbak”. Sauranku cekak.
Wong ya ing atiku mung kepingin wae gage-gage lunga
saka papan kono. Aku wedi yen mengko bakal nglurug aku
ngajak kanca sing akeh. Ya sanadyan cewek nanging aku
iki rak mahasiswa anyar. Yen mengko padha ngerti aku
padudon karo cah wedok sing patang semester tingkate
ing ndhuwurku, rak ya isa kapiran aku mengko. Kathik
wanine karo wong wadon. Utawa bakal ana sing ngarani
aku iki bocah mbeling, sing wis seneng padudon sanadyan
lagi semester siji.
Bengi kuwi aku lagi mentas wae garap tugas ing kamar
kosku. Jalaran tugas kuliyah sing akehe ora jamak. Tak kira
kuliyah ing jurusan basa Jawa iku kepenak. Paling ya mung
sinau basa krama alus, ngoko alus, utawa nembang sing
gahane tak lakoni nalika mbiyen sekolah SMP. Nanging
ora. Jebul tugase ngungkuli jaman aku sekolah jurusan
Otomotif ing SMK mbiyen. Jane ya aneh, wong jurusanku
iki mbiyen otomotif. Mbareng kuliyah kok malah njipuk
basa Jawa. Nanging sing jenenge ilmu kuwi kabeh rak
migunani? Dadi ora ana salahe aku nglanjutake kuliyah ing
jurusan kang ora sumbut karo keahlianku mbiyen jaman
sekolah SMK.
PEDHUT SUMILAK
19
Nalika aku arep metu nginguk kahanan ing njaba
kamar, ana swara pit montor sing gawe kagete awakku.
Sapa ya sing bengi-bengi ngene mara dayoh? Wong ya
aku iki durung pati nduwe kanca sing akeh ing kampus.
Mbareng tak tamat-tamatake jebul sing teka kakak
tingkatku sing sasuwene iki gawe anyele atiku.
“Mbak Galih?” aku nyoba mbedhek embuh bener apa
ora.
“Iya dhik Heri, ngapa ? kaget yen aku dolan ing
kosmu?” celathune karo mesem. Batinku kok ya bisa
ngerti kos ku ki saka ngendi ngono. Kos ku iki ana ing
gang Cempaka Sari Timur 3, sing papane paling pencil
dhewe saka kampung Sekaran kuwi.
“Kok saget ngertos kula mbak? Banjur wonten kersa
napa kok rawuh ing kos kula?”pitakonku sinambi basa.
Wong aku ya isih eling banget piwelinge mbiyen nalika
dina pisanan kuliyah, yen kudu nglatih kebiasaan
ngomong kanthi basa Jawa sing bener. Memper yen aku
basa marang dheweke, awit dheweke luwih tuwa rong
taun saka aku.
“Ora ana apa-apa dhik. Mung pengin dolan wae. Apa
aku ngganggu kowe?”
“Mboten mbak, kepara malah remen. Dipun dolani
kakak tingkate. Mangga pinarak ing dalem mbak!” aruharuhku
marang tamu sing ora diundang tekane kuwi.
“Wis neng njaba wae. Ora patut disawang wong,
bocah wadon kok blusak-blusuk kamare cah lanang. Wis
jagongan ing ngarepan kene wae”. Saurane sinambi
njagrakake Shogun 125 biru sing saben dina digawa
PEDHUT SUMILAK
20
menyang ngendi-ngendi kuwi.
“Dhik, sejatine ana bab sing perlu tak omongke karo
awakmu”. Tembunge miwiti jagongan
“Bab menapa mbak? Sajake kok wigati sanget?”
pitakonku kanthi kebak rasa penasaran
“Wiwit pisanan ketemu karo dhik Heri mbiyen nalika
jaman makrab, ana rasa aeng sing tuwuh ing ati iki dhik.
Embuh kuwi apa aku dhewe ora ngerti. Apa iki sing jarene
rasa tresna, aku ya ora ngerti. Sing jelas, atiku kok krasa
ayem lan tentrem yen ana ing sandhingmu dhik”.
“Heh…? Napa mbak?” jawabku kaget. Nganti bathukku
ketatap tembok jalaran polah saka kaget mau.
“Iya dhik, mbak Galih tresna karo kowe. Apa salah yen
aku tresna karo adhik tingkatku dhewe?”
Ora mbak. Sauranku ing njero ati. Ora salah. Tresna
kuwi ora mandhang tuwa apa nom, sugih apa mlarat.
Kabeh iku bisa wae kadadeyan yen wis dikodratake.
Nanging apa ya nalar? Apa ya patut? Aku nduwe pacar sing
umure luwih tuwa rong taun karo aku? ah embuh lah, kuwi
rak omongane wong liya. Sing penting rak ati iki sing
nglakoni. Jalaran ana bebasan Tresna iku wuta.
***
PEDHUT SUMILAK
21
22
4
Sakedheping Netra
Durung suwe iki aku duwe tangga anyar pindhahan
saka Pemalang., jenenge pak Giyoto. Sejatine mono Pak
Giyoto kuwi mbiyen asli kelairan ing kampungku, nanging
bubar piyantune lulus anggone kuliah banjur pikantuk
gawean ing Pemalang kaliyan garwane. Pak Giyoto
sekeluarga omah-omah ing Pemalang sasuwene 17 tahun,
mula aku ya ora pati kenal karo Pak Giyoto awit rikala
piyambake isih ana kampung wektu kuwi aku isih
umbelen, durung reti apa-apa.
Putrane Pak Giyoto ana loro wedok kabeh. Sing gedhe
kelas 1 SMA lan sing cilik lagi Playgrup. Nalika semana aku
durung tepung karo anake Pak Giyoto sing wis sekolah
SMA, nanging gandheng saben dheweke mangkat
sekolah lewat ngarep omahku, mula suwe-suwe dadi ora
aeng maneh. Bocahe pancen grapyak, saben ketemu ing
dalan mesti ngluruhi sanadyan aku ora aruh-aruh marang
dheweke lan sanadyan durung kenal.
Yoan Dhemes Kusumaningtyas, mangkono jenenge
bocah mau sing tak mangerteni saka mbakyu ponakane,
yaiku Sari jenenge. Nalika semana Sari arep nyilih sragam
sinoman Karang Taruna kanggo adhi ponakane kuwi. Aku
pancen ora duwe sragam sinoman kanggo bocah wadon,
nanging mbakyuku isih duwe sragam sinoman sing wis ora
dienggo maneh, awit mbakyuku wis omah-omah.. Mulane
PEDHUT SUMILAK
23
aku nyaguhi kanggo nyilihi sragam kuwi.
Wektu kuwi Sari njipuk sragam karo ngajak Yoan
Dhemes Kusumaningtyas.
“ Mas, piye? Sragame ana apa ora? Ngesakne adhiku
iki lho durung oleh sragam”, Sari matur karo pasang rai
melas.
“Tenang wae dik, iki mau wis tak golekne”, sauranku.
“ Maturnuwun sanget ya kang!” dhemes melu
nyloroh wangsulan.
“Oh nggih dik, menika ta ingkang namine dik Yoan
Dhemes Kusumaningtyas ?” aku ganti takon.
“ Leres akang, kula Dhemes”, bocahe semaur maneh
kanthi masang esem kang ngujiwat.
“Nggih mpun kang, kula wangsul rumiyin.
Maturnuwun sanget”. Wangsulane maneh sinambi
ngajak salaman. Tanganku disalim karo diaras ana ing
pipine.
Dheg !, saknalika iku atiku krasa geter kumejot ing
rasa. Lagi sepisan iki aku dijak salaman bocah wedok karo
diaras ing pipi, lan uga lagi sepisan iki ana bocah wedok
nyeluk aku nganggo tembung “akang”. Aku dadi ora bisa
nglalekake kedadean kuwi. Rina lan wengi sing ana ing
pikiranku amung bocah mau. Yoan Dhemes
Kusumaningtyas, pancen jumbuh karo bocahe sing
grapyak, dhemes, luwes, gandhes. Mangkono sing tak
batin ana ing jero ati. Eseme sing pait madu tansah ana
ing gawang-gawang pikiranku datan bisa tak endhani.
Wektu kuwi dinane setu, nalika ana wong duwe gawe
mula kaneman sing isih sekolah padha nyinom ing wektu
PEDHUT SUMILAK
24
bengi. Dhasare malem minggu, tur ya biasane cah nomnoman
kuwi seneng banget yen dikon ngumpul-ngumpul
ing acara sinoman kaya kuwi. Atiku gumeter sakdurunge
mangkat sinoman. Sing ana ing pikiranku amung dik
Dhemes. Aku tansah ngarep-ngarep muga dik Dhemes
uga mangkat sinoman, mulane aku mengko bisa
tetepungan luwih raket maneh. Pranyata sing taka areparep
kedadeyan tenan. Dik Dhemes mangkat sinoman
bareng mbakyu ponakane, Sari.
Bengi kuwi aku jagongan suwe banget karo dik
Dhemes. Crita ngalor ngidul ora karuan nganti dadi lali
karo wektu. Dhasare sing diajak rembugan yo ayu, mulane
aku dadi betah. Wetara pirang dina aku wis akrab karo dik
Dhemes. Sakben dina SMS-an ora kendhat. Menawa
sedina wae ora SMS-an rasane dina kuwi ana sing kurang.
Apa iki ta sing jenenge wong kang lagi nandang gandrung
wuyung, wayang, wuyungan anjahe wana poyang -
payingan ?
Ora nganti suwe ing ati iki tuwuh rasa tresna kang
ngambra-ambra. Sanadyan umure kacek 3 tahun sak
ngisorku, nanging ora nyuda rasa tresnaku marang dik
Dhemes. Dik Dhemes uga mbales rasa tresnaku marang
dheweke. Nanging rasa bungah kuwi ora bisa suwe
dirasakke, amarga ana saperangan bab kang kudu
munggel sesambungan iki. Ibune ora maringake menawa
dheweke duwe sesambungan karo aku. Mbuh jalaran apa
kok nganti ora maringake aku ya ora pati mudheng.
Sakbubare kuwi dik Dhemes banjur angel dihubungi, di
telpun ora nate diangkat, di SMS panggah ora mbales. Aku
PEDHUT SUMILAK
25
banjur ngupaya nggoleki larah-larahe, saka takon
marang kanca-kancane, takon marang Sari, nanggih
panggah wae aku ora oleh wangsulan kang gumathok.
Mung wae aku oleh kabar menawa Bu Giyoto ora
mangestoni iku jalaran aku iki tanggane dhewe.
Piyambake ora kepingin anake duwe sesambungan
tresna sing sakampung, ing pangangkah supaya ora dadi
kembang lambene tumrap para tanggane.
Pancen urip ing kampung kuwi sejatine mono kudu
tansah ngati-ati. Kudu bisa njaga katentremaning urip
bebarengan. Wis salumrahe menawa Bu Giyoto ora
maringake anake sesambungan karo aku sing omahe ya
mung keletan patang omah. Wong emperane wae
menawa di dulu saka ngarep omahku kuwi katon, mula
ya ora gumun menawa para tangga sami semaur manuk,
ngomongake bab hubunganku karo dik Dhemes.
Sanadyan kaya mangkono, kanggoku jeneng
katresnan kuwi gayutane karo ati. Tresna kuwi ora
mandhang sugih mlarat, tuwa enom, cilik gedhe, tangga
apa ora, kabeh nduweni hak kanggo nresnani lan
ditresnani. Mula aku ora kengguh ing ati, tansah njaga
katresnan kang wus thukul subur sajroning kalbu.
“Kula lan panjenengan mboten bakal saged nyawiji
kang, katresnan iki kedah puthel dugi niki mawon. Kula
sampun mboten kuat nandang raos kados mekaten.
Kula mboten kepingin damel cuwa dhumateng rama lan
ibu. Cekap semanten mawon”. Dik Dhemes ngajak
mungkasi katresnan iki kanthi ora bisa nahan eluh sing
tumetes ing pipine. Tak lap luh sing isih tumetes ing
PEDHUT SUMILAK
26
pipine kanthi tisu.
“Sampun geulis, cekap anggene netesake luh. Akang
bisa nampa kabeh lelakon iki. Pancen dadi anak iku kudu
manut marang ngendikane tiyang sepuh”.
Pancen aku asring nyebut dheweke kanthi sebutan
“geulis”. Sebutan iku jumbuh karo dheweke sing tansah
dadi mustikaning para wanodya. Nanging, kabeh mau
pranyata amung bisa tak rasakake sakedheping netra.
Katresnan kang tan gambuh yekti. Aku kudu bisa nampa
kabeh lelakon iki kanthi ikhlas. Sanadyan suwene amung
sapanginang, nanging rasa tresna iki ora bisa dilalekake
Saumur urip.
***
PEDHUT SUMILAK
27
28
5
Pedhut Sumilak
Wis meh ana rong taun iki anggonku ora sowan nggone
Bapak angkatku. Kabeh iku satemene ora sing tak
karepake. Nanging kahanan kang gawe aku sasuwene iki
ora duwe wektu kanggo sowan ing daleme. Jenenge Pak
Tri. Pak Tri iku jan-jane dudu Bapak kandhungku. Mambu
sedulur wae ya ora. Nanging rikala semana aku kerep
dolan menyang Gunung Lawu. Ya sasuwene iku ake
mesthi dolan mampir menyang daleme Pak Tri. Awit
rakete ing antarane awakku karo keluargane, ndadekake
rasa paseduluran tuwuh ing sajroning ati.
“Rif, kowe sesuk longgar apa ora? Tak jak sowan
nggone Pak Tri, Gumeng”. Ajak-ajakku marang Arif kanca
dolanku mbiyen rikala isih sekolah.
“Longgar Yul, kebeneran sesuk aku prei. Apa meneh
aku ya uga wis suwe ora sowan menyang daleme Pak Tri”.
Saurane Arif sing sajake wis saiyek saeka praya.
Pak Tri iku pancen sae bebudene. Mapan ana ing
dhusun Gumeng, Kecamatan Jenawi, Kabupaten
Karanganyar. Pawongan kang udakara 48 taunan iku wis
peputra papat wadon kabeh. Sing telu wis padha mentas
lan wis padha omah-omah, dene sing siji isih sekolah SMP.
Anake sing nomer telu sapantaran karo aku. Mula ya rada
akrab karo aku.
Kebeneran aku oleh cuti prei telung dina saka kantor.
PEDHUT SUMILAK
29
Mulane wis dak putusake aku arep bali menyang
ngomah banjur sowan menyang gone Pak Tri. Semarang-
Karanganyar mono sejatine ora patia adoh-adoh banget.
Menawa numpak bis ya suwene kira-kira patang jam,
nanging menawa motoran ya mung telung jam.
Satekane ing daleme Pak Tri, kagete Pak Tri sakulawarga
ora jamak.
“Oalah, anak lanang teka Bune. Iki lho, gage di
pethuki”. Aruh-aruhe Pak Tri.
“Oh iya Pakne, Yuli cah bagus ta iki mau. Kathik njanur
gunung, kapan olehmu bali saka Semarang?” pitakone
pawongan wadon sing wis tak apalake swarane. Ya, iku
pancen swarane Ibu Tri. Lan aku senengane ngundang
“Mbok”.
“Inggih Mbok, kala wingi sonten angsale wangsul.
Kaleresan menika pikantuk cuti. Ngapunten nembe
saget sowan”. Sauranku.
“La piye kabare, rak ya apik-apik wae ta?” Pak Tri genti
nimpali pitakonan.
“Alhamdulillah pak, sae. Lajeng Pake sakulawarga ing
ngriki kados pundi? Rak nggih sae kemawon ta?” aku
genti takon.
“Alhamdulillah. Iki mbakyumu ya wis padha bisa
omah-omah dhewe-dhewe. Kene kene, ayo mlebu
dhisik”.
Aku karo Arif banjur lungguh ing lincak ngemper sing
kagawe saka pring. Katon yen lincake wis elek. Leyatleyot,
apa meneh dimoti wong telu, aku, arif, lan pak Tri.
Tujune wae pring sing dinggo gawe lincak iku kapetung
PEDHUT SUMILAK
31
pring sing tuwa. Mula sanadyan leyat-leyot nanging
sejatine isih kokoh lan kuwat anggone nyangga bobot sing
mapan ing ndhuwure.
“La kepiye Yul, kapan olehmu arep omah-omah nyusul
mbakyumu? Wong ya pagaweyan ya wis genah. Sangu ya
wis cukup. Arep ngenteni apa meneh?” ujug-ujug pitakone
Pak Tri gawe kaget awakku.
“Wealah, pakne niku. Kok taken kados mekaten.
Calone mawon dereng wonten kok.” Sauranku kepenak.
Pitakone Pak Tri iku sejatine gawe kageting jantungku.
Sapandurat gawe eling atiku marang prastawa patang
taun kepungkur. Prastawa kang sejatine ora pengin dak
eling-eling. Umpamaa bisa dak kubur ing njero lemah,
mesthi wae anggonku ngeruk lemah wis nganggo bego
sing cakrukke gedhene sak lawangan omah, supaya bisa
ngeruk lemah sing jero, kepara bisa dak pendhem sak jerojerone
ana ing njero lemah. Nanging sawetara iku, aku
kudu kelingan maneh prastawa iku jalaran pitakone Pak Tri
mau.
Nalika sore mau aku teka, dak sawang kabeh wis owah.
Wis ora padha karo mbiyen. Jaman semono, ing plataran
ngarep omah iki ana wit cengkeh sing ngrembuyung. Ing
sisih kidul omah kae, ana wit kopi sing jejer-jejer mageri
pekarangan omah sisih kidul. Lan ing sisih pojok wetan kae
mbiyen ana tetanduran ijo-ijo kaya sawi, wortel,
brambang, sing gawe segere plataran iki. Nanging saiki,
plataran iki wis katon resik. Luwih padhang tinimbang
mbiyen. Mbok menawa wae ya mung siji sing ora owah.
PEDHUT SUMILAK
32
Ya, mung siji, yaiku rasa sing tak tinggal ing kene duk
rikala patang taun kapungkur.
“Ora sah nggumun Yul, menawa kabeh wis beda karo
padatane mbiyen”. Aloke Pak Tri gawe kejote ing
sajroning panglamunanku.
“Inggih Pak, kok saget mekaten nggih. Sakniki
sampun katon resik lan padhang”. Sauranku sinambi
nyimpen kebak pitakonan ngenani rasa sing dak
tinggalake sasuwene iki. Apa ya bener, rasa iku ora
owah?
“Ya, kabeh wis padha owah nalikane wektu setaun
kapungkur alam iki nuduhake kekuwatane. Banjir saka
kali ngarep omah kuwi sing ngosak-ngasik saisine barang
sing dilewati. Wit-witan padha ambruk, pring sadhapursadhapur
melu dhadhal, kalebu saisining plataran iki.
Kabeh padha ketut katrajang dayaning banyu sing gawa
bilahi kuwi”. Panjelase Pak Tri kanthi runtut.
Thukul pitakonan kang gedhe ing sajroning pikiranku.
Pitakon sing sasuwene iki amung gawe ora jenakke
uripku. Apa banjir mau pancen bener nggawa
sakabehing sing dilewati? Kalebu rasa kang sasuwene iki
dak tinggal ing pekarangan iki. Rasa tresnaku marang
Risma, Kenya sing wis meh ana telung taun ngronce
bebarengan talining asmara. Rikala semana, aku lan
Risma nate ngucap prasetya menawa bakal bebarengan
salawase urip. Ibarat renggang gula kumepyur pulut.
Ngalor ngidul tansah reruntungan. Nanging, apa rasa iku
uga kagawa keli ketut ilining banyu rikala banjir kuwi?
“Mas Yuli, seksenana ya? Ing plataran iki aku prasetya
PEDHUT SUMILAK
33
menawa aku ora bakal nikah kajaba yen sing dadi nganten
lanange Mas Yuli”. Prasetyane Risma jaman semana
sedurunge arep mangkat menyang negara sing nduweni
pralambang rajane kewan kuwi, yaiku negara Singapore.
Risma pancen wanita kang sulistya ing warni. Sing alus
tangane, sing mencorong kulite, sing sumringah praene.
Esem sing manise ing selaning lathi tipis abang. Swara
kang alus, polah kang kenes lan gandhes iku pranyata ora
bisa dak lalekake sasuwene wektu patang taun
kapungkur. Nalika semana dhewekke pamit arep budhal
menyang Singapore. Ya wektu kuwi nalika ngucap
prasetya ing plataran iki, aku ketemu lan bisa nyawang
pasuryane kang endah kuwi kang pungkasan. Sabubare
iku wis ora pernah ana kabar. Embuh anggone lunga
menyang Singapore kuwi tekan apa ora aku ya ora reti.
Sing baku sasuwene patang taun iki aku wis ora tau
komunikasi karo Risma.
Hawa pegunungan sing atis njekut iki gawe adheme
kabeh janma kang ngrasakake. Srengenge wis wiwit
angslup ing sisih kulon, gumanti tekaning wengi. Manukmanuk
padha ambyor bingung golek papan kanggo
ngiyup. Kaya-kaya ora kepengin kedhisikan karo tekane
chandra lan kartika sing bakal aweh pepadhang ing wayah
bengi. Gawe megahing swasana ing gegana, kang
nggambarake kaendahane kratone Sang Hyang Endra. Ing
wayah iku aku wiwit ngrasakake sepine ati. Sepi jalaran ora
ana wong sing bisa dijak mecaki dalaning urip.
Risma pancen kaya pedhut sing teka lunga tanpa bisa
kapurba dening manungsa. Pedhut sing pancen peteng
PEDHUT SUMILAK
34
dhedhet nutupi sakabehing pandulu. Ya kaya kuwi rasa
sing lagi dak gembol. Risma iku wis ora genah ana ngendi
papane. Wis rabi apa durung. Wis duwe anak apa
durung. Wis omah-omah apa durung. Kabeh iku ora bisa
dak ngerteni.
“Yul, ora sah ngenteni tekane ndhog blorok. Umurmu
ki wis telung puluh taun. Yen ora cepet-cepet golek
pasangan, selak ora payu”.
“Ya ora ngono Rif. Aku isih percaya yen Risma kuwi
bakal bali. Bakal nemoni aku kanggo nyaur prasetyane
duk rikala patang taun kapungkur”.
“Nanging apa kowe ngerti ana ngendi saiki Risma?
Ora ta? Ateges kabeh iku isih awujud pedhut sing ora bisa
kok sawang kanthi cetha”. Pamunggele Arif cepet.
“Mangertia Yul, pedhut kuwi ora salawase dadi
pedhut terus. Pedhut kuwi bakal sumilak kagawa angin.
Bakal katon cetha sawise kesorot padhanging lampu apa
padhanging sang chandra. Semono uga, kowe kudu
nduweni kapitayan menawa kabeh iki bakal bisa
padhang yen kowe gelem aweh pepadhang ing uripmu
dhewe. Yen kowe gelem aweh angin sing bisa nggawa
pedhut mau kebur ing gegana. Wis ta, wanita iku ora
mung Risma thok ing donya iki”. Panjlentrehe arif sing
nyoba aweh pepadhang ing pikirku.
***
35
6
SEMARANG-WONOGIRI
Sore kuwi rasane atiku ora kepenak. Rumangsaku kaya
ana sing aeng ing sedina kui. Kaya ana sing ngganjel ing
sajroning pikirku. Ah, bakale ana lelakon apa ya? Apa iki
mung perasaanku wae ya? Mbuh, aku dhewe ya ora ngerti.
Sing jelas dina kui atiku ora jenak. Tansah mikirne salah
sawijining perkara, nanging aku dhewe ora ngerti iku
perkara apa.
Tak sawang jam ing tangan sisih kiwaku, angkane
nunjuk pas jam enem punjul seprapat sore. Rumangsaku
dina iki mau kok suwe banget ya? Seprana seprene kok
lagi jam enem sore. Bola-bali anggonku jingglengi
Handphone. Handphone tak tinggal, banjur aku wudlu ing
kamar mandhi. Sawetara anggonku sholat magrib,
handphone ku muni smergane ana pesan sing mlebu.
Pesan tak waca, ing ngarep layar ana tulisan '1 pesan
diterima dari Sandy. Pesan langsung tak waca, unine
“innalillahi wa inna ilaihi roji'un, telah meninggal dunia,
bapake mb setyaningsih tadi pagi. Sebarkan ke temen yang
lain”. Sanalika atiku tratapan, mak dheg, kaya-kaya rasane
jangtungku mandheg anggone jedhag jedhug, kadya
gegodhongan datan omah, manuk-manuk wegah pada
muni, angin pada anteng.
“Den, apa kowe wis krungu kabar yen bapake
Setyaningsih tilar donya?” tekane Tito kancaku jaman
PEDHUT SUMILAK
36
sekolah mbiyen jaman SMP gawe kaget lan tratapan
awakku.
“Innalillahi wa inna ilaihi roji'un, iya iki mau mentas
wae aku bubar maca sms ing handphone ku, jarene
bapake Setyaningsih seda. Nanging aku durung oleh
kabar kapan layone bakal di sarekake ing pemakaman”.
Sauranku kanthi cetha lan akeh pitakonan.
“Lha apa ora arep padha takziah ki?”aku genti takon
menyang Tito sing praupane sajake buthek, mbuh merga
mikir kuwi apa ana bab liya sing dipikirne. Sing jelas raine
lagi tegang.
“Jane ya pengin Den, apa meneh awake dhewe iki ya
wis suwe ora dolan menyang omahe”. Pancen tak akoni
sawise padha lulusan SMA aku wis ora tau maneh dolan
menyang Wonogiri ing omahe Tya. Jalaran aku ya wis
oleh kesibukan dhewe ing kutha Semarang, dene Tya,
mangkono sesebutane sing akrab disebut dening kancakanca,
uga wis duwe pakaryan ing kutha Solo.
Aku kenal karo Tya rikala mbiyen isih sekolah SMA.
Kebeneran sak sekolahan karo dheweke ana ing
sawijining sekolah ing kutha Solo. Tya iku bocahe ayu,
resik, putih, lan supel. Dedege cilik dhuwur, lan grapyak
marang sapa wae. Ora mokal ta yen akeh wong lanang
kang kepencut kepengin nduweni . Dene dheweke
sekolah ana ing Solo uga kaleresan padha karo aku.
Padha-padha pendatang saka ndesa. Mung wae yen
ndesaku ya rada kutha sithik tinimbang dheweke, merga
Solo kui luwih cedhak menyang Boyolali tinimbang
Wonogiri.
PEDHUT SUMILAK
37
Dina candhake aku wis janjian karo Tito lan kanca-kanca
liyane, arep mangkat menyang Wonogiri saperlu melu
nguntapake layon tumeka pasareyan. Sanadyan aku
dhewe ya durung reti kapan anggone arep dimakamke.
“Wis padha siap kabeh durung Ndri?” takonku karo
ngecek mbok menawa wae ana sing keri.
“Sik, sedhilit ngkas. Ngenteni Ita lagi njupuk helm ing
kos-kosane Handang”. Ita lan Andri iku uga kancaku
sasekolahan ing Solo mbiyen, mulane uga padha melu
layat.
Sidane esuk kuwi wetara jam sepuluh esuk aku budhal
karo bocah pat belas kanthi motoran menyang Wonogiri.
Sadurunge mangkat jane kepengin ngubungi Tya dhisik.
Mbok menawa wae bocahe ora ana ing ngomah. Nanging
aku wis kelangan kontak suwe jalaran mbiyen ana
masalah karo dheweke.
Pancen tak akoni sithik akeh aku wis ngrasakne pait
legine urip bebarengan karo Tya. Jaman semono aku nate
mecaki dalan urip bebarengan. Yen istilah kondhange ya
pacaran.
“Mas Deni, apa sliramu saguh urip bebarengan karo
aku nganti tumekaning pati?” ukara kuwi sing tansah
ngawang-ngawang ing pikiranku. Jaman semono aku lan
Tya nate prasetya yen bakal urip bebarengan salawase.
Nanging emboh ngapa kok saiki malik grembyang. Apa
meneh arep urip bebarengan, arep ngubungi utawa arep
ketemu wae angele ra jamak.
“Piye iki Den, udan deres ngene apa ya arep
nekat?”takone tito mbuyarake panglamunanku sing
PEDHUT SUMILAK
38
wiwit mau amung ngeling-ngeling jaman isih karo Tya.
“Lha padha nggawa mantol apa ora? ya ditekat wae ta
ya yen kabeh padha nggawa. Iki isih adoh kok, nek
mondhag-mandheg mundhak ora teka nggon iki
mengko”. Sauranku rada banter, ya jalaran suara
gumricike udan sing deres nganggo banget.
“Mandheg dhisik Den, mantolan dhisik”. Bengokane
Ita sing goncengan karo Andri. Kabeh motor langsung
padha minggir kaya barisane bebek sing digiring
bendarane kae. Mantol tak tokne saka njero jok, sanadya
mantol elek ngene nanging banget migunani menawa
kudanan ana ing dalan ngene iki. Ora let suwe kabeh
padha mbacutake laku.
“Wis tekan Solo ki Den, arep mbablas apa arep
bareng-bareng karo kanca-kanca sing ana Solo kene?”
Omongane Tito sing ngelingake aku menawa iki mau
padha janjian karo kanca-kanca sing ana Solo.
“Ora usah, paling ya wis padha mangkat, wong leh
janjian wae jam rolas awan mau kog, dene iki wis jam siji,
paling ya wis ditinggal”. Sauranku kanthi manteb. Kabeh
ora padha sida mampir Solo, kepara langsung bablas
menyang Wonogiri.
Aku bali mikirake maneh jaman isih karo Tya. Mbuh
ngapa kok ati iki rasane mung pengin mbayangke terus.
“Mas Deni, awake dhewe iki wis arep ujian nasional.
Becike dilereni dhisik olehe pacaran, supaya ora
ngganggu konsentrasi sinaune awake dhewe”. Tya
ndhisiki gunem nalika ana ing kantine Mbok Yem.
“Lha kena ngapa ndadak dipunggel tekan semene
PEDHUT SUMILAK
39
dhik?” takonku karo kaget ya amarga ora ana masalah
apa-apa kok ujug-ujug ngajag mungkasi hubungan. Ing
pikiranku tuwuh pitakonan, apa wis ana priya liya sing
nyanthol ing atine Tya? Ah mbuh, sing jelas bubar
prastawa kuwi aku wiwit adoh karo Tya.
“Wah la ya sae tenan tumindakmu dhik, selamat ya?
Muga wae bisa langgeng karo Giyanto”. Alok-alokku
nalika ketemu Tya sabubare ujian nasional.
“Mas deni, aku bisa njelasake kabeh mas. Aja nduga
kang ora-ora mas”. Semaure sambi nyandhak lengen
kiwaku karo diajak lungguh.
“Ora perlu dhik, wis ora ana sing kudu dirembug”.
Saurku cekak, banjur aku lunga klepat ninggalke dheweke
sing isih lungguh ing ngisor wit mahoni sing ngrembuyung
kuwi.
Atiku kaya kedhodhog dening para malaikat sing arep
njabut nyawa. Isih ora percaya karo lelakon iki. Ya amarga
iki aku ora hubungan maneh karo Tya nganti telung taun.
“Wis ora usah nglamun wae Den, ki lho wis meh tekan
Wonogiri kota”. Guneme Tito sambi nyeblek pundhakku.
“Wah iya iki wis teka Wonogiri ki”. Saurku cekak.
Jam ing tangan kiwaku tak delengi, wis jam telu sore.
Udane wis terang nanging mantole ora tak copot. Ora let
suwe aku wis teka ing dhusune Tya. Isih eling banget
alamate Dusun Sumberejo, Desa Pacing, Kecamatan
Wuryantoro, Wonogiri. Nanging bareng wis tekan gang
omahe kok sepi. Ora ana wong rame-rame sing padha
takziah. Gendera abang sing jarene gendera landa yen ing
lagune bocah cilik kae, minangka pralambang yen ana
PEDHUT SUMILAK
40
kepaten uga ora ana.
“Dit, la iki piye? kok ora ana apa-apa ngene?” takonku
karo isih bingung clilengan ngingeti ing sakitare
panggonku.
“Salah dalan paling iki Den, wis suwe ora rene ta? Bisa
wae lali”. Jawabe Andri melu semaur.
“Coba wae takon karo sing duwe omah, sapa ngerti
Tya wis pindhahan pa piye ngono”. Ita melu nyela-nyela
celathu.
“Ya wis tak coba pirsa menyang ibuke kae”.
Sauranku.
Pancen bener, Tya wis pindhahan omah setaun
kepungkur. Nanging pindhahe ora adoh saka omahe
sing lawas. Mung pindah kelurahan, nanging isih ing
Wuryantoro. Motor langsung tak genjot lan tak puter
menyang alamat sing wis diomongke dening ibuke mau.
Liyane uga padha melu tanpa di abani. Teka omah sing
dituju, kahanan wis rada sepi. Ya awit tekaku sakanca wis
jam setengah lima sore. Katon Tya ing ngemper lagi
dhewekan karo nglamun.
“Dhik Tya!” aku nyoba nyeluk dheweke.
“Mas Deni? Kok bisa tekan kene? Sapa sing ngandani
mas?” sanalika Tya langsung mlayu gopoh-gopoh marani
aku sarombongan.
“Bisa wae, wong ya isih nduwe sikil kanggo mlaku
kog”. Sauranku entheng.
“Mas Deni!” bengokane Tya samba ngrangkul
awakku sing isih lungkrah merga perjalanan adoh
Semarang-Wonogiri iki mau.
PEDHUT SUMILAK
41
“Wis, meneng ora perlu nangis. Cah ayu kok nangis, ora
isin apa disawang kanca-kancamu akeh saka Semarang
iki?” sauranku nyoba nentremake kahanan.
“Saiki kabeh wis malik grembyang, Mas. Uripku morakmarik
dadi ora genah Mas”. Tya ngajak jagongan ana ing
ruang tamu sing wiwit mau wis sepi amarga sing padha
takziah wis balik. Ya mung kari sedulur-sedulure adoh sik
teka kene mau esuk sing isih padha umyeg padha ngurusi
sakabehane perabotan kang diperlokake kanggo
kabutuhane layon mau esuk.
“Wis Dhik, ora perlu susah. Kabeh iku wis dadi kodrate
Gusti Allah. Ya pancen iki sing kudu dilakoni. Mesthi ana
hikmah saka kabeh iki”. Semaurku sinambi ngelus
rambute sing ireng, lurus, lan dawane meh sak bokong
kuwi.
“La Giyanto apa ora mrene mau?” aku ganti malik
takon.
“Aku wis suwe bubaran karo Giyanto, jalaran saiki
dheweke dadi angkatan Polisi ing luar Jawa. Mulane wis
ora nate ketemu maneh”. Kanthi mbeseg-mbeseg
ambegane Tya olehe ngandakake kabeh lelakone.
Ya pancen ngenes tenan nasibe, Ibune wis murud
kasedan jati duk rikala dheweke isih umur pitung taun.
Dene bapake uga nyusul, kapundhut dening Gusti Allah.
Sesambungane karo Giyanto, calon bojo sing di impenimpenake
uga kandhas. Aku dhewe ora bisa mbayangake
menawa aku uga ngalami lelakon kaya mangkono.
“Mas Deni, apa kowe gelem tak jak mbaleni crita
bebarengan sing mbiyen sempet pedhot?” pitakone Tya
PEDHUT SUMILAK
42
kanthi kebak pangarep-arep.
“Aku wis ora duwe sapa-sapa maneh Mas, ya mung
kowe sing bisa gawe tentreme atiku sabubare kondure
almarhum Bapak”.
Krungu pitakonan kaya mangkono aku langsung
kandheg, bingung arep semaur apa, wedi yen sauranku
mengko mundhak gawe gelane ati. Kamangka dheweke
iki isih nandhang dhuhkita. Ibarat wong ngrokok durung
ilang kebule saka pandulu. Aku kaya wong bingung.
Bingung karo pikiranku sing bruwet mikirne apa sing
kudu tak lakoni.
Arepa kepiye maneh aku wis duwe Rini sing tansah
bisa mangerteni aku. Sing rina lan wengi tansah setya
marang katresnan iki. Apa ya aku iki tega gawe gelane
uwong sing banget anggone nresnani awakku? Kathik
aku iki mundhak dikira wong lanang sing ora duwe
pendirian. Mlenca-mlence sakarepe dhewe. Nanging
atiku uga ora bisa selak yen ing njero ati iki isih nyimpen
rasa karo Tya sing nalika semana dadi kembanging
uripku. Apa maneh kahahane dheweke sing saiki banget
mesakake.
Aku mung bisa meneng klakep tanpa gunem, kaya
manuk sing wegah ngoceh rikala lara cangkeme.
Apurana aku Tya, aku ora bisa cidra ing janjiku. Atiku wis
kebacut dikunci dening wanita liya. Saumpama wae
sewulan apa rong wulan wingi anggonmu ngomong,
mesthi wae kabeh ora bakal kaya ngene iki.
***
PEDHUT SUMILAK
43
7
CIDRA
Rasa tresna iki durung owah babar blas, sanadyan ati iki
wis kaya-kaya ora kuwata ngampet larane rasa tresna
sudra. Dina-dina sing tak lewati kaya dene omah suwung
tanpa ana lampu utawa senthir kang gawe padhange
omah yen wayah wengi. Ya kaya mengkono uripku saiki
sing tak rasakne. Raga kang urip ing sasisane ati kang
dicidrani. Nanging arep kepiye maneh? Kabeh wis
kedadeyan. Kabeh wis kelakon. Tangeh nganggo lamun
bias bali. Pindha bubur kuwi mokal yen bisa dadi sega
utawa beras maneh.
Secangkir kopi ireng panas lan saler udud wismilak sing
tak sumet ngancani anggonku ngeling-ngeling prastawa
pait sing bakal ora bisa tak lalekake saumur uripku.
Pikiranku wiwit nggrambyang, panglamunanku rikala
mbiyen isih kerep ketemu karo Sery.
“Dhik, aku bakal nunggu kowe nganti tekan lulus
anggonmu sekolah. Aku bakal njaga komitmen iki, lan aku
ora bakal lali. Percaya marang aku”.
“Iya Mas Heta, aku uga bakal njaga katresnan iki.
Sanadyan Bapak lan Ibu ora paring ijin marang
sesambungane awake dhewe”. Saurane Sery mantep.
Pancen sing jenenge tresna iku kudu nduweni
komitmen, nduweni tujuan anggone arep mlaku supaya
PEDHUT SUMILAK
44
sesambungane bisa awet lan langgeng. Semana uga aku
karo Seri. Wis sarujuk bakal mecaki dalan urip
bebarengan nadyan mengkone nemoni urip mbuh iku
seneng mbuh iku susah.
Seminggu kepungkur, aku balik saka Jakarta. Balik
menyang ndesa amarga gaweyanku sing ana ing kutha
gedhe kaya Jakarta iku. Kajaba alesanku balik merga
kangen karo kulawarga, aku uga kepengin nggenahake
sesambunganku karo Sery. Apa ya isih kaya mbiyen
nalika ngucap prasetya sabaya pati sabaya mukti. Apa
malahkabeh wis malik grembyang.
“Dik, aku sesuk meh balik Sragen. Tulung mengko
jemput aku ing terminal Pilangsari ya?” gunemku ing
telpun.
“Ya, beres”. Saurane Dika cekak.
Aku sengaja nelpun Dika, kanca raketku jaman
sekolah SMA, supaya njemput aku jalaran omahku saka
dalan gedhe iku ya rada adoh. Mulane ngiras tak jak
mampir ing pasar, aku ngajak kanca sing wis kenal akrab.
Kajaba nelpun Dika, aku uga nelpun Dhik Sery yen aku
arep bali. Sanadyan akhir-akhir wektu kuwi aku lagi rada
ana masalah karo dhewekke.
Senen sore, wetara jam loro awan aku wis tekan
terminal Pilangsari. Aku ingak-inguk ing lor kidul.
Nggoleki papane Dika sing jarene wis teka ing terminal
kawit jam siji mau.
“Her!” ana pawongan sing ngundang jenengku. Tak
eling-eling wong sing kerep ngundang aku kanthi
sebutan Her kuwi ya mung Dika. Ya, pancen jenengku
PEDHUT SUMILAK
45
sejatine Hertanto. Sery senengane ngundang aku Heta.
Lan yen kanca-kanca ana sing ngundang Tanto, Her, lan
liya-liyane.
Tak inguk arah ngetan. Bener pandugaku. Iku pancen
Dika. “Dika! Woi……..!”
“Her, aku neng kene”. Pambengoke Dika
“Suaramu ora malih babar blas, mulane aku titen Dik”.
“Halah, kaya kowe ora wae, wong rupamu ya isih elek,
cendhek ngono kok”. Saurane Dika ganti atos.
Aku karo Dika banjur rangkulan kaya artis-artis ing pilm
telenopela kae. Mung bedane yeng ing pilm kae sing
rangkulan wong lanang karo wedok. Dene iki mau sing
rangkulan wong lanang karo lanang. Ealah, kaya ora ana
wong wadon wae. Nanging ya ngene iki sing jenenge
kanca raket.
Bareng anggone jagongan wis rada sawetara, aku
banjur ngajak Dika balik menyang omah. Nanging ora
langsung bablas balik. Dika arep tak jak mampir pasar
Bunder, Sragen.
“Wis, ayo aku gek ndang diterka bali Dik. Nanging
mengko tulung mampir pasar Bunder dhisik. Aku pengin
golek barang”. Pangajakku menyang Dika sing lagi
nyruput wedang kopi sing tak tuku karo wonge ing
sawijining warung terminal mau.
“Iya, sabar dhisik ta. Eman-eman iki kopine ish seprapat
gelas kok”. Saurane entheng.
“Jane arep golek apa ta mampir pasar? wong bar saka
kutha gedhe barang, kudune oleh-oleh iku wis tuku saka
kana. Luwih murah lan komplit. Tinimbang tuku ing pasar
PEDHUT SUMILAK
46
buder, mendhing ora usah tuku wae”. Dika nambahi
meneh.
“Ya pokokke ana waelah. Penting saiki aku di terne
balik. Gawa rene kunci motore. Aku sing ngarep”. Kunci
tak jupuk saka ndhuwur meja, banjur pit motor tak
stater.
Satekane pasar aku mampir ing sawijining toko emasemasan.
Pit motor tak parkir banjur aku mlebu. Aku
pancen sengaja ora ngajak mlebu Dika mlebu ing njero
toko, amarga wedi yen rencanaku konangan Sery.
“Kowe nunggu ing kene sedhilit ya Dik. Aku tak mlebu
sik, paling ora ana sepuluh menit”. Kocapku sinambi
nyelehake helm ing ndhuwur kaca spion.
“Ya, gek ndang cepet. Aku selak ana acara iki”. Dika
semaur kanthi ngesusokake
Aku pancen sengaja tuku ali-ali emas sing arep tak
nggo nglamar Sery mengko bengi. Mulane rencana iki
aja nganti dingerteni dening liyan. Kalpika kencana 5
gram sing regane telung atus ewu wis tak gawa. Aku
banjur gage-gage bali supaya cepet teka ngomah.
Satekane ing omah, Dika ora gelem mampir. Jarene
mengko bengi arep ana acara, mulane kudu gage-gage
bali.
“Aku gak mampir Her, liya dina wae aku tak dolan”,
suarane Dika kanthi banter.
“Iya Dik, maturnuwun ya. Sesuk-sesuk yen wis
longgar tak dolan gonmu”. Janjiku menyang Dika,
sanadyan wis bola-bali aku janji arep dolan ing ngomahe
nanging ya durung tau sida.
PEDHUT SUMILAK
47
Adzan magrib wis di kumandhangke ing sadhengah
papan. Wektu kuwi aku lagi leyeh-leyeh ing teras omah.
Bengi iki aku kudu nggenahake sesambunganku karo Sery
sing setaun kapungkur sempet rendhet ya jalaran jarak
adoh sing gawe arang kepethuk. Aku gage-gage adus,
banjur dandan nylithit, lan nganggo minyak wangi. Aku
sengaja ora ngabari dhisik menyang Sery, yen aku arep
mara ing omahe. Istilahe men Sureprice, kejutan lah.
Pandum arloji ing tangan kiwaku wis nunjukake Jam
setengah pitu. Aku gage-gage nyaut kunci kontak pit
motor lan kalpika utawa sesupe sing mau awan tak tuku
uga wis tak kanthongi ana njero kanthong klambi batik.
Omahku karo omahe Sery iku ora adoh. Ya mung wae
beda kampung. Mulane ora let suwe aku wis teka ngarep
gang omahe. Mbareng tekan gang omahe Sery, kathik ana
ramen-ramen kaya wong sing lagi arep nduwe gawe. Aku
bingung, ana apa sejatine.
“Nyuwun sewu pak, ing griyane mbak Sery punika
wonten napa kok rame sanget?” pitakonku marang
bapak-bapak sing kebeneran lewat ing ngarepku.
“Punika acara ijab qobul ipun mbak Sery Mas. Pikantuk
tiyang ngriki ugi kok Mas”. Jawabe bapak-bapak mau
kanthi mantep.
Kagetku setengah mati, lha wong aku sing arep
nglamar wae durung teka kok mlah gone Sery wis siapsiap
lan ramene kaya iki. Aku malah dadi bingung dhewe.
Nggrundel ing sajroning ati. Eh la banjur sing arep dadi
nganten lanang sapa? Aku nuli takon maneh marang
bapak mau.
PEDHUT SUMILAK
48
“Lha ingkang dados nganten kakungipun sinten
pak?” pitakonku meneh.
“Mas Dika Hartono Mas, putrane Pak Bambang
saking kampung Rejasari ngriku”. Saurane kanthi
nduding papan kampung sing pancen ora adoh saka
papan kono.
“Mas Dika ingkang makarya ing pabrik tekstil niku
pak?” takonku meneh kanggo nggenahake
“Leres Mas” saurane mantep.
Mak brol…., sanalika atiku kanteb. Mak prempeng
rasane ing kuping, krungu kabar yen wong sik
digadhang-gadhang bisa dadi kanca urip salawase bakal
diwengku dening priya liya. Ati iki saya remuk mbareng
ngerti yen sing dadi nganten lanang ora liya wong sing
dikenal akrab wiwit cilik. Aku isih ora percaya yen Sery
karo Dika tega menyang aku. Luh tumetes ing pipiku.
Aku wis ora bisa polah piye-piye. Kunci pit motor tak
ceklekne, tak stater, banjur tak puter. Tak kebutke balik
menyang omah. Nyelehake saranduning awak sing tatu
rojah-rajeh.
Kaget anggonku ngalamun jalaran lambeku rasane
dadi panas. Jebulane rokok wismilak werna putih sing
kawit mau tak serot mung kari tegesan, wis mepet karo
lambeku, mulane aku ngrasakake panas. Tujune aku
langsung sadar. Yen ora? Apa ya ora kobong mengko
lambeku. Ora sadar uga ing pipiku kok ya teles, mbareng
tak lapi jebul luh. Oalah, jebul aku iki mau nangis tenan ta?
La kok gembeng tenan aku iki. Ngalamun kok nganti
nangis.
PEDHUT SUMILAK
49
Genep rong minggu iki aku neng omah. Mbuh apa wae
sing tak lakokake aku dhewe ora mudheng. Dina-dina
rasane kaya suwung tanpa ana sing bisa gawe aku
semangat nindakake apa wae. Jane mono cutiku mung
seminggu. Nanging, sabubare nemoni prastawa sing
gawe kantebing manah, aku dadi aras-arasen bali
menyang Jakarta.
“Kapan olehmu bali menyang Jakarta Her?” pitakone
Ibu kanthi suara sing alus. Aluse suarane ibu ngungkuli
aluse kain sutra. Ya mung ibu sing sasuwene iki bisa
ngerteni isining atiku. Jalaran aku urip sauwene iki ya
mung karo Ibu.
“Duka bu, tasih males bali”. Sauranku cekak.
“Heh, la mengko piye gaweyanmu. Mundhak disengeni
pimpinan mengko. Golek gawean iku angel. Emen-emen
yen nganti ditokne saka perusahaan”. Ibu nambahi paring
wejangan.
Aku dadi sadar yen sing tak tindakake iki kabeh ora ana
gunane. Kabeh iki wis kadadeyan, mokal yen bisa bali kaya
wingi uni. Sery wis genah ora bakal bisa dak wengku. Sery
wis resmi dadi garwane wong liya. Aku wis ora perlu
mikirake dheweke maneh. Aku kudu bisa nampa kabeh iki
kanthi ati ikhlas, sabar, lan pasrah marang kang kuasa.
Esuk kuwi rencanaku arep budhal menyang Jakarta.
Kabeh wis tak siapake. Tiket uga wis tak tuku sore
sadurunge. Aku pamitan karo ibu, lan ora lali sesupe
kencanaku dak titipake Ibu. Jalaran ya mung kari Ibu sing
dadi kanca uripku sasuwene iki. Bapak wis omah-omah
dhewe karo bojo anyare ing Madiun. Dene kangmas lan
PEDHUT SUMILAK
50
mbakyu uga wis padha omah-omah dhewe. Jane mono
aku ora tega ninggalake Ibu dhewekan. Nanging kepiye
maneh? Aku kudu bali makarya supaya bisa kanggo
golek sangu urip.
Lik Slamet sing arep tak kon ngeterne ana terminal
uga wis siap. Mbareng aku metu saka njero omah, ana
pawongan wadon sing wis mandheg ing plataran
omahku. Wong kuwi ora liya Sery.
“Mas Heta, badhe tindakan Jakarta ta?” pitakone
Sery sing lagi wae mudhun saka pit motor.
“Inggih. Wonten menapa kok janur gunung.
Kadingaren tindak ngriki. Wonten menapa nggih?”
sauranku kanthi basa mlipit. Kamangka ora adate aku iki
basa menyang dheweke. Jalaran ya isih tuwa aku.
“Nuwun sewu menawi ganggu Mas Heta. Nanging
saderenge panjenengan tindak, keparenga kula badhe
matur”.
“Nggih mboten menapa mangga pinarak mlebet
riyin”. Tas banjur dak selehake maneh. Kapeksa
budhalku kesigeg sawetara wektu.
Tamuku tak aturi pinarak ana kursi ing teras omah.
Jalaran ora gelem lungguh ing njero omah.
“Mas, kula nyuwun pangapunten menawi sampun
damel kuciwaning manah panjenengan. Nanging
mangertia Mas, kula nindakake menika awit kapeksa.
Estunipun kula mboten tresna kalih Dika. Nanging bapak
ingkang meksa kula supados nikah kaliyan Dika. Kula
mboten saget mbantah menapa ingkang dados
dhawuhipun Bapak Mas”. Guneme Sery lirih karo nengis
PEDHUT SUMILAK
51
brebes.
“Mpun dik Sery, mbotensah dipun tangisi. Bapak
kepengin ingkang sae kagem putrane. Mulane Bapak milih
Dika ingkang dados kanca uripmu. Ora perlu susah, yen
pancen iku sing paling sae kanggo sliramu. Wis aku tak
budhal. Selak ketinggalan Bus”. Omonganku nyigeg
critane Sery sing durung tutug mau. Aku pancen sengaja
ngendheg, jalaran aku wis ora kuat nandang lara ing njero
ati.
Aku pamit karo Sery, banjur nyangking tas. Aku
mangkat kanthi ninggalake tatuning ati sing ora bakal bisa
ditambani mbok ngantia anggone golek tamba tekan
negara ngendi wae. Saiki aku kudu bisa gawe dalan uripku
dhewe. Kudu bisa nglalekake wong sing sasuwene iki dak
tresnani. Mugia salungaku menyang Jakarta iki mengko,
aku bisa nemokake dalan anyar sing luwih padhang.
***
PEDHUT SUMILAK
52
53
8
Crita Kanggo Sinta
Kabeh iki ora bakal kadadean yen mbiyen aku bisa
menggak kekarepanmu arep lunga menyang Bali.
Nanging kepiye carane? Aku dhewe wektu kuwi uga
nduwe jejibahan sing ora bisa dak tinggalake. Dhasare
pegawe ngisoran mono mung bisa sendika dhawuh
marang pimpinane. Umpamaa kowe ngerti yen wektu iku
aku uga kepengin gage mulih saperlu nemoni awakmu.
Umpamaa mbiyen kowe gelem manut kandhaku. Nanging
kabeh iku ora ana gunane jalaran iku kabeh ya mung ana
ing pangangen-angen. Pancen tembung umpamaa bolabali
kocap nalika gela sing lagi dirasakake. Yen kabeh wis
kadadean, ing mburi mesthi bakal metu tembung
'umpamaa'.
Esuk iku atiku rasane ora kepenak. Anane mung
kepengin gage-gage ngrampungake gayang lan enggalenggal
balik kerja supaya bisa gage bali menyang Solo. Ya,
dina iku ngepasi dina ulang taune Sinta. Wanita sing dadi
idham-idhamanku. Aku wis janji yen dina iku aku bakal bali
menyang Solo saperlu ngrayakake ulang taune. Wis suwe
banget dheweke kepengin tak jak dolan menyang kraton
nonton kiraban kebo bule, mergane dina iku ngepasi kirab
1 Suro ing kraton Solo, dina Senin, pas tanggal 16 Mei 2003.
“Sepurane ya Sin, kayane dina iki aku durung bisa bali
menyang Solo. Gaweyanku isih akeh. Kudu dirampungake
PEDHUT SUMILAK
54
sacepete. Nanging aku janji, yen gaweyanku wis
rampungan kabeh, aku bakal enggal-enggal bali nemoni
kowe” kocapku ing telpun.
“Yen njenengan mboten saget kondur, kados pundi
yen kula ingkang nyusul mriku mawon?”
“Ora usah. Beaya kanggo mrene iku ora sethithik. Aku
mesthi enggal bali yen gaweyanku wis rampung”.
“Nanging kula kepingin kepanggih Mas Fendi. Pokoke
kula badhe nyusul ten Bali”. Telpun langsung mati.
Embuh apa sengaja dipateni Sinta, utawa pancen mati
jalaran pulsane entek.
Sabubare telpun-telpunan mau, Sinta ora bisa
dihubungi. Di sms ora di bales, di telpun mesthi sing
nyauri operator wedok sing cerewet kae kanthi muni
“Nomor yang anda hubungi sedang sibuk, silahkan coba
beberapa saat lagi”. Bola-bali sing semaur swara kaya
mangkono. Ing ati iki dadi gusar, rasane ora ayem. Pikiran
sing neka-neka ngenani kaanane Sinta terus ngawangawang.
Aku nuli nyoba ngubungi kanca rakete. Aku
nyoba telpun Dewi kanca sakamare kos ing Solo.
“Dewi, kowe ngerti Sinta ana ngendi? Tak telpun kok
ora bisa nyambung?” pitakonku kanthi kebak rasa
sumelang.
“Lho, jarene mau pamit budhal menyang Bali. Mentas
wae iki mau budhal saka kos. Pamite arep mangkat
menyang bandhara Adi Sumarmo”, saurane Dewi sing
dadi kanca rakete Sinta wiwit cilik.
Aku dadi bingung krungu kabar saka Dewi sing kaya
mangkono. Was-was mikirake kaanane Sinta. Sapa
PEDHUT SUMILAK
56
wonge ora was-was? Yen wanita sing ditresnani lelungan
adoh dhewekan tanpa kanca siji-sijia. Apa maneh nomer
telpune ora bisa dihubungi. Aku dadi grusa-grusu.
Gaweyanku malah ora bisa dadi cepet rampung jalaran
mung mikirne Sinta.
Lontheng jam sing digantung ing tembok sisih tengen
kantor panggonanku kerja wis muni. Ateges wis jam rolas
awan. Wektu kanggo ngaso awan wis wiwit. Swarane
banter banget, gawe kabeh wong sakantor keprungu.
Kabeh pegawe ing kantor padha ngaso. Metu saka
ruwangane banjur ura dhewe-dhewe. Ana sing lunga
menyang kantin saprelu mangan awan. Ana uga sing
lunga menyang mesjid kanggo nindakake sholat luhur.
Aku dhewe isih mloka-mlaku ing ruwang kerjaku. Atiku isih
durung ayem, yen durung keprungu kabar saka Sinta.
“Ayo ngaso dhisik Fen, dilanjutne mengko maneh”.
Ajak-ajake Anwar kanca kerja sisih ruwanganku.
“Iya War, sedhilit engkas. Kowe ngasoa dhisik tak
susul”. Sauranku cekak.
Ora krasa wis jam setengah siji awan. Anggonku mlokamlaku
ing njero ruwangan kerja mau panggah durung bisa
mandheg. Atiku coba tak leremake kanthi nonton TV.
Sapa ngerti ana acara ing TV sing bisa gawe ayeming pikir.
Padatan wektu rolasan kaya ngene iki wayahe acara
berita. TV tak uripake, banjur nggoleki panggonane
remote kanggo ngganti gelombang saluran. TV tak setel
ing acara favoritku, yaiku berita. Aku pancen seneng
nonton acara berita ing TV. Jalaran saka berita iku aku bisa
ngerti kabar saka sadhengah papan.
PEDHUT SUMILAK
57
Lagi kepenak nonton TV, ujug-ujug krungu swara
banter banget sing gawe kaget kabeh wong.
“Pyarrrrr…….”. Swara barang ceblok saka meja kerjaku.
Aku nuli ngiliki apa sing mentas wae ceblok. Mbareng tak
tiliki jebul pigura lukisan gambare Sinta sing ceblok. Aku
dadi tratapan. Ing ati iki dadi kejot, ndhredheg, gemeter
kaya wong bar kesurupan kae. Kena ngapa kok sing
ceblok barang kuwi? Barang sing sengaja tak pesen
seminggu kepungkur ing seniman Bali. Rencanane
lukisan kuwi mau arep tak nggo kado ulang taune Sinta
sing kaping 21 tahun iki.
Pigura nuli tak jupuk. Pecahan kaca sing pating
blengkrah ing keramik jobin uga tak klumpukake. Tak
buwang supaya ora ngenani sikile wong sing lewat kono.
Ngepasi wektu kuwi ana berita ing sawijining saluran TV
sing ngabarake mentas wae ana prastawa nggegirisi.
Ana kecelakaan pesawat terbang kanthi tujuan Bali sing
budhal saka bandhara Adi Sumarmo, Solo. Aku dadi
penasaran kepengin ngerti luwih cetha dhodhok selehe
berita mau.
Ing berita mau dikabarne ana wong cacah 174
penumpang lan wong 8 saka awak pesawat ilang.
Durung bisa dilacak ing ngendi papane. Dene bathang
pesawat mau uga durung bisa ditemokne. Prastawa iki
pancen aeng. Ora kena dinalar. Jalaran bisa dingerteni
yen ngalami kacilakan nanging dununge prastawa mau
ora bisa dingerteni. Aku dadi tambah was-was. Mengko
gek-gek Sinta melu dadi penumpang ing pesawat kuwi.
Telung dina suwene aku ilang kabar saka Sinta. Nomer
PEDHUT SUMILAK
58
telpune bola-bali tak hubungi. Nanging panggah wae ora
bisa nyambung. Gaweyanku saya dina saya mblengkrah
jalaran mung mikirne ing ngendi papane Sinta. Ako nyoba
nlisik kadadeyan wingi sadurunge Sinta budhal menyang
bandhara Adi Sumarmo. Nuli aku telpun Dewi aneh,
saperlu nggenahake.
“Wi, wingi anggone Sinta budhal menyang bandhara
kae jam pira?”
“Kira-kira jam setengah rolasan awan Fen. Aku dhewe
ya bingung ki. Nomere tak hubungi ora bisa nyambung”.
Saurane Dewi sing jare uga ora bisa ngubungi Dewi.
Saya suwe pandugaku yen Sinta melu ilang ing
kacilakan maut pesawat terbang kuwi saya gedhe. Aku
genti nyoba ngecek ing internet ngenani jadwal lan daftar
penumpang pesawat sing nemoni kacilakan maut mau.
Mak tratap……. “Subhanallah. Iki tenan apa ora?”
pambengokku kaget sabubare maca ing internet yen
Sinta kalebu daftar penumpang pesawat sing nemoni
bilahi kuwi mau.
Nganti limang dina kabeh berita ing saluran TV durung
ana sing bisa aweh kabar yen bathang pesawat sak
penumpange ditemokake. Saben sore berita mau terus
gencer ditayangke ing TV. Aku uga ora tau keri nonton
berita iku ing pangajab oleh kabar ngenani prastawa mau.
Nanging kabeh iku panggah ora ana asile. Atiku wis bacut
mupus. Wis entek pengarep-arepanku lamun jisime Sinta
bisa ditemokake.
“Fen, ayo coba menyang Bandhara Adi Sumarmo,
saprelu nggenahake kabeh iki. Apa ya saka pihak
PEDHUT SUMILAK
59
maskapai melu tanggungjawab ngenani perkara iki”.
Tekane Dewi gawe kagete Fendi sing lagi nglamun.
“Ora wae lah Wi, kabeh iku yaw is ora ana gunane.
Sinta ya ora bakal bisa bali meneh”. Sauranku sajak wis
ora nduwe daya.
“Heh, ya ora ngono. Sak ora-orane rak ya ana tindak
lanjute saka pihak maskapai sing kudune aweh
pertanggungjawaban”. Saurane Dewi mbaleni ajak-ajak
supaya menyang bandhara.
Ya, pancen kudune ana tindakan saka pihak maskapai.
Awit arepa kepiye maneh kabeh iku dadi tanggung
jawabe saka pihak penerbangan. Kudune ana asuransi
keselamatan penumpang. Paling ora ana ganti rugi saka
jasa raharja. Nanging sajake saka pihak maskapai ora
a w e h k a t r a n g a n k a n g c e t h a n g e n a n i
pertanggungjawabane marang prastawa mau.
Kabeh iki kanggoku wis ora ana gunane maneh.
Rencana sing wis karancang karo Sinta menawa entek
taun iki sesambunganku bakal diterusake ing pelaminan.
Nglewati upacara sacral kanggo ngresmekake
hubungan antarane wong bebojoan. Nanging kabeh
mau kadya kasaput pedhut sing kegawa angin. Saiki
mung kari sisa-sisa pigura pecah sing isih gelem ngancani
aku kanggo nglewati dina-dina sing peteng kebak
pedhut.
***
PEDHUT SUMILAK
60
KUMPULAN GURIT
PEDHUT SUMILAK
61
62
Lungaa
Lungaa yen kudu lunga
Tanpa rasa susah ing atimu
Anggawa katresnan kang sejati
Marang Gusti Pangeranmu
Lungaa yen arep lunga
Nanging aja lali karo tanggung jawabmu
Katinggal ing sajroning ati
Marang sakabehing sesepuhmu
Lungaa apa anane
Anggawa kaparingane ing awakmu
Karo kang sih kacipta ing donya
Mresep lakuning uripmu
PEDHUT SUMILAK
63
Swara Ati
Dak sawang uripku sajroning lakuku iki
Nadyan adoh karepe ati
Nanging kasunyatan ora bias dak selaki
Apa iki kang wus dadi garise uripku?
Ora ngerti dak rasa banjur atiku nelangsa
Wiwit biyen nganti saiki lan nganti kapan
Ora liya among kanggo bekti
Nadyan lintang iku wis ora bakal bali
Nganti tekan sirnane jagadku
Nanging pangarep-arep iku tansah anal an bakal terus
ana
Ora ana liya, muga nggayuh urip kang sampurna
PEDHUT SUMILAK
64
Omah…
Rikala aku lelungan
Adoh …… tumuju papaning liyan
Ya mung siji sing tansah dak kangeni
Sing dak eling-eling
Kapan aku bali mulih menyang omah ….
Omah….
Papan panggonan kanggo mulih
Papan panggonan kanggo ngenam penggalih
Papan panggonan kanggo ngarih-arih
Sakehing penggayuh kang lagi digalih
Omah…..
Mbuh kaya apa ujudmu
Kowe bakal tetep dadi barang kelangenan
Kelangenan tumrap sing nduwe omah…
PEDHUT SUMILAK
65
Buku
Apa sejatine paedahmu?
Apa sejatine gunamu?
Kamangka among awujud druwang
Druwang kang ana saithik orek-orekan
Apa sing digoleki manungsa marang awakmu?
Kamangka isih ana sing luwih enak dipangan
Nanging ora kaya mengkono iku
Tumrap barang kang dadi gudhange ilmu
Kanggo barang kang dadi jendhelaning donya
Marang barang kang aweh pepadhang tumraping
manungsa
PEDHUT SUMILAK
66
Jongkat
Wujudmu pancen ora sepiraa
Gedhemu ya ora luwih gedhe tinimbang tela godhog
Apa maneh bentukmu jan ora kaya barang kang aji
Nanging manungsa ora bakal bisa jenak yen ora ana
kowe
Manungsa ora bisa gawe aluse rambut sing ireng dawa
iku
Manungsa ora bisa rapi kaya braising bebek yen lagi
mlaku kae
Merga kowe pancen barang sing kanggo ngatur
Ngatur rambut sing padha ora bisa diatur
PEDHUT SUMILAK
67

0 komentar: